Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:37 - Kitab Sutji

37 Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:37
50 Iomraidhean Croise  

Wong sapasamuwan kabeh yaiku wong kang padha mulih saka ing pambuwangan, padha gawe tarub, lan manggon ing kono. Pancen wong Israel ora tau nglakoni kang mengkono iku, wiwit jamane Sang Yusak, bin Nun kongsi tumeka ing wektu mau. Nuli padha nganakake pista gedhen-gedhen.


Kawula ngegaraken tangan kawula dhumateng Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka kados siti ingkang cengkar. (Selah)


Kados pangorongipun sangsam dhateng toyaning lepen, inggih makaten kangening nyawa kawula dhumateng Paduka, dhuh Allah.


Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda.


Kawicaksanan nguwuh-uwuh seru ana ing lurung-lurung, sarta nyuwara ana ing ara-ara,


Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh, lan kapinteran rak ngetokake swarane?


Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.


ana ing sandhinge gapura sangarepe kutha, ana ing dalan lumebu anggone nguwuh-uwuh kalawan sora, pangandikane:


Para abdine wadon wus padha didhawuhi nguwuh-uwuh ana ing papan kang dhuwur ing kutha, panguwuhe:


Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan.


atine Yerusalem ayemna sarta nguwuh-uwuha yen pangawulane wus rampung, manawa kaluputane wus kaapura, awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwah tikel ping loro marga saka sakehing dosane.


Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!” Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?” “Umat manungsa kabeh iku kayadene suket lan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.


Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira.


He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!


Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud


Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara! Ngulukna swaranira kayadene kalasangka, wartakna marang umatingSun panerake lan marang para turune Yakub dosane!


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


“Mangkata ngandhanana wong saisining Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun kengetan marang katresnanira ing wektu nom-nomanira, marang katresnanira nalika sira dadi temanten, anggonira ngetutwuri Ingsun ana ing ara-ara samun, ing tanah kang ora ana tetuwuhane.


satemah menyang ngendi bae iline kali iku, sakehing makhluk kang urip kang kumroyok ana ing kono bakal urip. Iwake bakal dadi akeh, amarga menyang ngendi bae parane banyu iku, ing kono banyune sagara banjur dadi tawa, lan menyang ngendi bae iline kali iku, samubarang kabeh kang ana ing kono bakal urip.


Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah lan ing dina kang kawolu sira padha nganakna kumpulan suci sarta nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah. Iku dina gedhe kumpulan, ing dina iku sira aja nglakoni pagawean kang abot.


Nanging ing sasi kapitu tanggale ping limalas, ing waktu nglumpukake pametune buminira, ing kono sira padha nganakna pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung dina lawase; dinane kapisan iku dina ngaso babar pisan, mangkono uga dinane kawolu, iku uga dina ngaso babar pisan.


Rungokna, Pangeran Yehuwah nguwuh marang kutha: – wedi marang asmane iku kawicaksanan. – “Padha ngrungokna, he, talering bangsa lan wong kutha!


Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.


Ing dina kang kaping wolu sira nganakna pasamuwan gedhe, sira aja nindakake pagawean kang abot.


He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.


Dene satemene iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene: “Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangeran, lurung-lurunge padha lencengna.”


Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.


Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


Unjuke wong wadon mau: “Bendara, Panjenengan boten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggen Panjenengan angsal toya gesang punika?


nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”


suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.


Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.


Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati.


Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.


Ora bisa kowe padha ngombe ing tuwunge Gusti lan iya saka ing tuwunge para roh reged. Ora bisa kowe padha tampa panduman ing mejane Gusti lan iya ing mejane para roh reged.


lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.


Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”


Marga kita kabeh dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani; dadia batur tukon, dadia wong mardika, wus padha kabaptis dadi badan siji padha kaombenan ing tunggal Roh.


Lan aja nganti kowe mendem anggur, awit anggur iku nuwuhake hawa-nepsu, nanging kapenuhana ing Roh,


Sarta aku dipangandikani maneh mangkene: “Samubarang kabeh wus kalakon. Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombe kanthi lelahanan saka tuking banyu kauripan.


Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.


Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan