Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”
He, anak-anakKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.
Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?”
Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”
Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.