Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:35 - Kitab Sutji

35 Wong-wong Yahudi tumuli padha sapocapan: “Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:35
29 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem, sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.


Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.


Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.


“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


Mangkene pangandikane Pangeran Allah kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang: Ingsun bakal nglempakake wong maneh Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”


Saka ing sabrange bengawan-bengawan ing tanah Etiopia, wong kang padha memuja Ingsun, kang wus kabuyarake, bakal padha nggawa pisungsung kagem Ingsun.


Apadene iya Panjenengane iku kang dadi pangarep-areping bangsa-bangsa.”


inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”


Ing antarane wong-wong kang nekani riyaya arep sembahyang iku, ana wong Yunani sawatara.


Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane.


Pangucape wong-wong Yahudi: “Apa Dheweke iku arep ngendhat, dene kok duwe pangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padha ora bisa mrana?”


Bareng krungu kang mangkono iku, banjur padha nrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paring patobat marang bangsa-bangsa liya, kang dadi marganing urip.”


Nanging ana panunggalane sawatara wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ing Antiokhia lan banjur mawan rembug uga karo wong-wong Yunani sarta martakake Injil kalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.


Ana ing Ikonium rasul karone iya lumebet ing papan-pangibadah wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akeh kang padha manjing pracaya.


Ana sawatara panunggalane wong-wong mau kang padha yakin lan banjur manunggal karo Rasul Paulus lan Silas sarta iya uga ana wong Yunani sawatara akeh kang padha bekti ing Allah, lan uga para wanita bangsa luhur ora sathithik.


Saben dina Sabat Rasul Paulus memulang ana ing papan pangibadah lan ngudi ngyakinake wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani.


Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng sadaya tiyang Yahudi ingkang sami manggen ing satengahing bangsa-bangsa sanes, supados sami nilar angger-anggeripun Nabi Musa, sami panjenengan penging sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita.


Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya.”


Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.


Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,


Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.


Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, – kandhaku iku bener, aku ora goroh – lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.


Iya Injil iki kang netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru.


Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allah sarta Gusti Yesus Kristus, marang taler rolas kang padha ana ing tanah manca.


Saka Petrus rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing tanah Pontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Cilik lan Bitinia,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan