kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon, kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak, tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,
Para pangareping imam lan para ahli Toret padha krungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisane nyedani Panjenengane, amarga padha wedi marang Panjenengane, awit wong akeh padha kaeraman kabeh ngrungokake piwulange.
Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.
Anadene para pangarepe imam lan para wong Farisi wus padha ndhawuhake prentah, manawa ana wong kang weruh panggonane, tumuli ngaturana uninga supaya kenaa kacepeng.
Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”
Para wong Farisi tumuli padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulane para pangareping imam lan para wong Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengane.
Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.