Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:3 - Kitab Sutji

3 Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:3
17 Iomraidhean Croise  

Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.”


Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsanira iku wus padha nyidrani sira: iku uga bebarengan ana ing burinira. Aja padha sira andel, sanadyan tembunge manis marang sira.


Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marang wong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengane.


Bareng kulawangsane padha krungu, banjur padha teka arep nyekel Panjenengane, amarga padha ngarani Panjenengane gerah gingsir.


Kacarita ingkang ibu lan para sadhereke padha teka, ngadeg ana ing jaba kongkonan ngaturi Panjenengane.


Gusti Yesus banjur dipurugi dening kang ibu lan sadherek-sadhereke, nanging marga saka akehe wong, ora bisa padha ketemu.


Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherek Paduka wonten ing jawi badhe kepanggih kaliyan Paduka.”


Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.


Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?”


Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.


Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman.


Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”


Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane.


Rasul Petrus tumuli jumeneng dalah para kanthine sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau: “Para sadherek Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami dedalem ing kitha Yerusalem, mugi sami nguninganana saha kula aturi midhangetaken atur kula.


Nalika Eliab, kakangne kang tuwa dhewe, krungu tembunge Dawud marang para wong iku, Eliab nepsu marang Dawud, karo muni: “Apa perlune kowe teka mrene? Lan wedhusmu kang mung loro telu kang ana ing pasamunan iku kokpasrahake sapa? Aku ngreti watakmu bab kadukwanimu lan alaning atimu: tekamu mrene iki rak mung arep nonton perang ta?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan