YOKANAN 7:28 - Kitab Sutji28 Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh. Faic an caibideil |
seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”
Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan. Wondene ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan dereng tepang punika, inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.