Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran, lan sapa kang mikir marang nasibe? Panjenengane sanyata wus kapethal saka ing nagarane para wong urip, tuwin marga saka pambalelaning umatingSun Panjenengane kena ing ipat-ipat.
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.
Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewe lan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe; Ingsun bakal damel bisa seba wong iku, lan cedhak kalawan Ingsun. Amarga sapa kang wani ngetohake nyawane supaya cedhak kalawan Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam, sadulure Yakobus, Yoses, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padha manggon ing kene?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengane.
Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”
Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”