26 Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan?
Awake dhewe ora bakal lesah lan ora bakal pepes tumungkul, nganti wus rampung anggone njejegake kabeneran ana ing bumi; sakehing pulo-pulo ngarep-arep marang piwulange.
Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.
Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.
Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake.
Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.
Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”
Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.
Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.
Lan sedulur ing patunggilane Gusti kang akeh-akeh wus kadunungan pracaya marga saka anggonku dikunjara lan dadi luwih kendel sarta ora kalawan wedi anggonku ngalirake pangandikaning Gusti Allah.