Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:24 - Kitab Sutji

24 Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:24
17 Iomraidhean Croise  

“Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya, sarta ngrewangi marang wong duraka? (Selah)


Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener, iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah.


Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana, mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.


kang mbenerake wong duraka marga dibeseli lan kang nyelaki wewenange wong bener.


Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.


“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine.


Wong Yerusalem sawatara padha ngucap: “Apa dudu Wong iku kang diarah patine?


Anggonmu padha njeksani iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora njeksani wong siji-sijia,


Sawangen kang temenan apa kang katon! Yen ana wong kang yakin temenan, manawa dadi kagungane Sang Kristus, iku supaya mikir ing sajroning atine, yen aku uga padha dadi kagungane Sang Kristus kaya dheweke.


He para sadulurku, sarehne kowe kabeh iku wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, anggonmu ngetrapake pracayamu aja nganggo mawang wong.


apa kowe ora wis padha mbedak-mbedakake sajroning atimu sarta tumindak dadi jeksa kang ala pikirane?


Nanging manawa kowe padha mawang wong, kowe nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yen kowe nglakoni panerak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan