22 Nabi Musa ndhawuhake pranatan tetak marang kowe; sabenere pranatan tetak iku ora saka Nabi Musa, nanging saka para leluhur kita, lan ing dina Sabat kowe iya padha netaki wong.
Gusti Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenenganipun, sarta makaten anggenipun Rama Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Dene Rama Iskak nurunaken Rama Yakub, tuwin Rama Yakub nurunaken bapa-lajer leluhur kita kalih welas.
Karepku yaiku prasetya kang sadurunge wus kaabsahake dening Gusti Allah iku ora bisa dibatalake dening angger-anggering Toret, kang lagi ana sawuse patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatane.