Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:17 - Kitab Sutji

17 Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:17
25 Iomraidhean Croise  

Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula, sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka.


Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah? Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.


Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.


Wong ala ora ngreti adil, nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.


awitdene wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yehuwah, nanging karo wong kang temen pasrawungane raket.


Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.


Akeh wong kang bakal kasucekake lan diresiki sarta diuji, nanging para wong duraka bakal tumindak duraka; wong duraka iku ora ana siji-sijia kang bakal mengreti, nanging para wong wicaksana bakal mangreti.


Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”


lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap: “Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah, marang padalemane Gusti Allahe Yakub, supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine, sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge, marga saka Sion bakal ana pituduh, lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan.


Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah.”


Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.


Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.


Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.”


Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan