Sarawuhe ing kutha asale, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing papan pangibadahe. Wong-wong mau padha kaeraman, pangucape: “Wong iku olehe kawicaksanan lan panguwasa nindakake mukjijat saka ing ngendi?
Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”
Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”
Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku mau kabeh minangka panjawab, Sang Festus banjur ngandika kalawan sora: “Kowe iku owah, Paulus! Kawruhmu kang akeh iku njalari kowe banjur edan.”
Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.
Lan wong kang wis wiwit biyen padha wanuh karo Saul padha gumun weruh Saul medhar wangsit karo nabi-nabi iku; siji karo sijine banjur padha rerasanan: “Kena apa ta anake Kisy iku? Apa Saul iya kagolong para nabi iku?”