Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.
Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.
Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.