9 “Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?”
Sair lan dami kanggo jaran-jaran lumrah lan jaran-jaran teji iku padha digawa menyang ing panggonan kang wus katemtokake, manut tanggungane dhewe-dhewe.
Nabi Elisa nuli ngandika: “Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Sesuk kira-kira wayah mangkene glepung kang becik dhewe saseah bakal rega sasekel lan sair rong seah bakal rega sasekel ana ing gapuraning Samaria.”
Yuda lan tanah Israel dedagangan karo sira; iku padha ngijolake gandum saka Minit, blendok mur, madu, lenga lan balsem dilirokake karo barang daganganira.
Nanging banjur padha dipangandikani: “Kowe bae padha menehana mangan!” Atur wangsulane: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih, kajawi ta manawi kawula lajeng sami kesah tumbas tetedhan kangge sadaya tiyang punika.”
Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: “Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah.”
Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan.
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.
kaniling puwane sapi lan puwane wedhus, karo gajihing cempe lan wedhus gembel lanang saka ing Basan, apadene wedhus berok, kalawan gandum pilihan, sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.
Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”