Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:66 - Kitab Sutji

66 Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:66
17 Iomraidhean Croise  

karomaneh wong kang padha nyingkur marang Sang Yehuwah sarta ora ngupaya Pangeran Yehuwah lan ora neges marang Panjenengane.”


Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhane akeh.


Nanging Gusti Yesus ngandika: “Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumoleh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.”


Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.


Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?”


Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.


Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,


Kowe wis sumurup, manawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur marang aku; kalebu Figelus lan Hermogenes.


awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.


Nanging wong kagunganingSun kang bener iku uripe marga saka pracaya. Dene manawa mundur, Ingsun bakal ngemohi wong iku.”


Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan