Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:60 - Kitab Sutji

60 Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: “Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:60
12 Iomraidhean Croise  

Rahayu wong kang ora nganti kacuwan bab Aku.”


Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.


Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.


Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?”


Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.


Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.


Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.


Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: “Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu,


Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.


Mungguh prakara iku akeh sing kudu padha dakkandhakake, ananging angel diterangake, marga kowe wis padha dadi alot ing pangrungumu.


Iku kaetrapake ana ing layange kabeh, manawa ngrembug prakara-prakara iki. Layang-layange iku isi bab-bab kang angel, njalari wong-wong kang ora ngreti sarta ora kukuh imane, njungkir-balikake prakara iku mau, njalari karusakane dhewe, kayadene anggone tumindak tumrap tulisan-tulisan liyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan