Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:56 - Kitab Sutji

56 Wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:56
16 Iomraidhean Croise  

Pandongane Nabi Musa, abdine Allah. Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun.


Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,


Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu, Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,


Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku, mulane dakarep-arep.”


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.


Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati.


Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana ing katresnan.


Anadene mungguh kowe iku, apa kang wus padha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepa ana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrungu ing wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.


Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.


Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.


Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan