Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:53 - Kitab Sutji

53 Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:53
19 Iomraidhean Croise  

tumuli ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowe ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga.


Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.


Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”


Ora, kandhaKu marang kowe. Nanging manawa kowe ora padha mratobat, kowe bakal padha tiwas kabeh kanthi patrap mangkono.


Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”


Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”


Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”


Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.


Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.


Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”


Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati.


Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisik?


Sapa kang nduweni Sang Putra, iku nduweni urip. Sapa kang ora nduweni Putraning Allah, iku ora nduweni urip.


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan