Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”
Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.
Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”
Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”
Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”