Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:4 - Kitab Sutji

4 Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:4
9 Iomraidhean Croise  

Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.


Ing dinane kang kapisan sira padha nganakna parepatan suci, sira aja nglakoni pagawean kang abot.


Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku.


Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati.


Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.


Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem.


Sawuse mangkono, kabener ana riyayane wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem.


“Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan