YOKANAN 6:39 - Kitab Sutji39 Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman. Faic an caibideil |
Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyang-tiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci.
Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.
Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.