34 Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!”
Padha nyaosna kurban kang bener, sarta kumandela marang Sang Yehuwah.
Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.
Gusti Allah Ramane Gusti Yesus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawase, pirsa, manawa aku ora goroh.