Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:30 - Kitab Sutji

30 Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:30
22 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku uga wong mau aweh sumurup bab sawijining pratandha kaelokan, tembunge: “Iki pratandha kaelokan, yaiku manawa Pangeran Yehuwah wus ngandika: Lah misbyah iki bakal bengkah, satemah awu kang ana ing dhuwure banjur wutah.”


Misbyahe uga tumuli bengkah, awu kang ana ing dhuwure wutah, cocog karo pratandha kaelokan kang dikandhakake dening abdining Allah marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.


“Saupama padha ora ngandel marang sira lan ora maelu marang pratandha kang kapisan, mesthi bakal padha ngandel marang pratandha kang kapindho.


“Manawa Pringon akon marang sira: Sira nuduhna sawijining mukjijat, nuli sira ndhawuhana Harun: Jupuken tekenmu, lan uncalna ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, nuli bakal malih dadi ula.”


kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-age lan enggal-enggal nindakake pakaryane, supaya kita padha sumurup; sarta karampungane Kang Mahasuci, Gusti Allah Israel, dimen teka nyedhak, supaya kita padha weruh.”


Sang Kristus, ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengane iku iya memada marang Panjenengane.


Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengane kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga.


Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.”


Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”


Awit para sakabate lagi padha menyang kutha tuku pangan.


Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”


Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.


Nanging kowe wus padha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya.


Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”


Wong Yahudi padha njaluk pratandha, lan wong Yunani padha ngupaya kawasisan,


Gusti Allah ngekahake paseksene kanthi tandha-tandha lan kaelokan sarta panguwasa warna-warna sarta kalawan Roh Suci, kang diedum-edumake ing sakarsane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan