Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:28 - Kitab Sutji

28 Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:28
11 Iomraidhean Croise  

Kowe wus mblithuk awakmu dhewe, lan marakake nyawamu kena ing bebaya, nalika kowe akon aku sowan marang ing ngarsane Sang Yehwuah, Gusti Allahmu kanthi piweling: Kula panjenengan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, saha lajeng panjenengan ngandikakaken dhateng kula sadhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados sami kula estokaken!


Ana sawijining wong sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur: “Gusti, kula kedah nglampahi pandamel sae punapa, supados saged angsal gesang langgeng?”


Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”


Tumuli padha diirid metu, karo matur: “Dhuh, para sadherek, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?”


Bareng wong-wong padha krungu pangandika mangkono mau, atine trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Rasul Petrus lan para rasul liyane: “Para sadherek, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?”


Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”


Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan