26 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.
Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.
Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”
Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.
Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.
Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.
Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?
Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.
Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane.
Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.
Wekasane wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahe wetenge, kang dadi kamulyane kanisthane, pangangen-angene mung tumuju marang prakara kadonyan.