25 Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”
Sawise nyabrang, padha mentas ana ing tanah Genesaret.
Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.
Nanging kowe aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowe kabeh padha-padha sadulur.
Sawise padha nyabrang, banjur tekan ing tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ing kono.
Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”