24 Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus.
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.