Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau, aku ketemu karo gantilaning atiku; banjur dakcandhak lan ora dakculculake, nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku, ing kamare kang nglairake aku.
Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal.
Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; manawa ana wong kang krungu suwaraningSun lan ngengani lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi lan bujana bebarengan karo wong iku lan wong iku karo Ingsun.