Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbak kaliyan wadung-perang kangge nglawan para tiyang ingkang sami ngoyak kawula; saha Paduka mugi karsaa ngendika dhateng nyawa kawula: “Ingsun kang mitulungi sira.”
sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
Sira aja gumeter lan aja wedi, awit bab iku pancen wiwit biyen mula wus Sunwartakake lan Sunsumurupake marang sira. Sira kabeh iku kang padha dadi seksi-seksiningSun! Apa ana Allah liyane kejaba Ingsun? Ora ana Gunung Parang liyane, Ingsun ora mirsa liyane!”
Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana ing kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.
sabab kabeh padha weruh, temahan padha kumelap atine. Nanging banjur enggal dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”
Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi.