Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:15 - Kitab Sutji

15 Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:15
14 Iomraidhean Croise  

Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh iku, banjur minggah ing gunung lan sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep ing ngarsane.


Wong-wong kang mlaku ana ing ngarep lan kang mlaku ana ing buri padha nguwuh-uwuh, “Hosanna! Binarkahana kang rawuh atas asmaning Pangeran.


Mangkene pangucape: “Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”


Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”


Aku ora kepengin diurmati dening manungsa.


Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal.


Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate.


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan