Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:14 - Kitab Sutji

14 Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:14
18 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”


Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”


Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.


Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”


Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”


Unjuke Marta: “Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad.”


Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.


Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi.


Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”


lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”


Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara.


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.


Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa?


Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”


Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan