Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:12 - Kitab Sutji

12 Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: “Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:12
12 Iomraidhean Croise  

Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.


Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.


Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane, iku wus dadi sadulure juru pangrusak.


Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.


Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kekarepane.


Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang para sakabate: “Ana wong sugih duwe juru-gedhong. Iku diwaduli, manawa juru-gedhong mau ngawut-awut barang darbeke.


Kabeh padha mangan nganti wareg. Turahane diklumpukake dadi rolas wakul.


Gusti Yesus dalah para sakabte, uga diulemi mrono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan