Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 6:11 - Kitab Sutji

11 Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 6:11
13 Iomraidhean Croise  

Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sawise caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.


Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingake marang karone.


Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!”


Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake.


Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumumpang ing geni mau sarta roti.


Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau.


“Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?”


Sawise ngandika mangkono, panjenengane nuli mundhut roti, lan sawise saos sokur marang Gusti Allah ana ing ngarepe wong akeh, rotine banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar.


Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.


Manawi sampeyan mlebet ing kitha, tamtu enggal pinanggih, saderengipun panjenenganipun minggah ing tetengger badhe dhaharan. Awit tiyang kathah boten badhe nedha saderengipun panjenenganipun rawuh, ujer panjenenganipun ingkang mberkahi kurban, sasampunipun punika para suruhan sami nedha. Enggal sampeyan mangkat sapunika, sampeyan mesthi enggal pinanggih.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan