Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:5 - Kitab Sutji

5 Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:5
12 Iomraidhean Croise  

Gusti Yesus banjur ndangu marang bapakne bocah mau: “Wis pira lawase anggonne kataman mangkene iki?” Atur wangsulane: “Sampun wiwit alit mila.


Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”


Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.


Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”


Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbag kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane.


Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngudaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apa kapengin waras?”


Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula.


nanging kadospundi dene sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak.”


Kacarita ing kutha Listra ana sawijining wong kang mung linggih bae, jalaran sikile apus, lumpuh wiwit lair lan durung tau bisa lumaku.


Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulane saben dina digendhong lan diselehake ing sacedhake gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Endah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang ing Padaleman Suci.


Jalaran wong kang kawaluyakake dening mukjijat iku umure wis luwih saka patang puluh taun.


Ana ing kono mrangguli wong kang aran Eneas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan