YOKANAN 5:44 - Kitab Sutji44 Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh. Faic an caibideil |
Nanging pangandikane Sang Prabu Saul: “Kula sampun nglampahi dosa, nanging panjenengan mugi keparenga ngatingalaken hurmat panjenengan dhumateng kula sapunika wonten ing ngajengipun tiyang Israel, kula aturi wangsul nyarengi kula, kula badhe sujud ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan.”
Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.