Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:43 - Kitab Sutji

43 TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:43
13 Iomraidhean Croise  

Sira kepengin marang pokalira kang rusuh nalika enomira, nalika wong Mesir padha nguyel-uyel dhadhanira lan ngemek-emek payudaranira kang isih prawan.


Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.


Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku,


Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!” Tumuli ana swara saka ing swarga: “Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurahe maneh!”


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah.


Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku.


Dadi kowe iku dudu wong Mesir, kang durung suwe iki nuwuhake pambrontakan lan mlayokake brandhal patang ewu kang asikep gegaman, menyang ing ara-ara-samun?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan