Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:4 - Kitab Sutji

4 Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbag kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:4
18 Iomraidhean Croise  

Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados resik.”


Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetaken anggen kawula netepi pepaken Paduka.


aja ngolehake mripatmu ngliyep, lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,


Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsun lan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,


Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair, nanging dheweke iku anak kang tanpa budi, awit anggone obah ora ngetrepi wektune, bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.


“Ing wektu iku bakal ana sumber kang kaparingake marang turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem kanggo ngumbah dosa lan kanajisan.


Karodene ing dina iku bakal ana banyu urip kang mili saka ing Yerusalem, kang separo mili menyang ing sagara sisih wetan, separone mili menyang ing sagara sisih kulon; bab iku bakal terus mangkono ing mangsa panas lan ing mangsa bedhidhing.


Sabab wiwit nalika Yokanan Pambaptis tumapak ing gawe nganti saprene, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan wong kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep nguwasani.


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.


Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.


Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu.


Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawase.


Atur wangsulane sing lara: “Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanes ingkang ambyur ngrumiyini kawula.”


Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.


Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan