39 Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,
Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.
Paduka ingkang nedahaken margining gesang dhateng kawula; kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka; ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.
Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.
Para wong wicaksana bakal padha kawirangan, kaget lan keblusuk. Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan?
Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng.
Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!
Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.
Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”
Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”
Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.
Kancane padha mangsuli: “Panjenengan punapa inggih tiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksa ing salebeting Kitab Suci; temah panjenengan badhe uninga bilih boten wonten nabi ingkang rawuh saking tanah Galilea.”
Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.
Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.
Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.
Nabi kang saka ing antarane para kadange kaya sira iku bakal Sunangkat kanggo wong-wong iku, sarta pangandikaningSun bakal Sundekek ing lesane, sarta apa kang Sunprentahake iku bakal dilairake marang wong-wong mau.
Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”
Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”
Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.
Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.
Para ibu nampani maneh wong-wonge sing wis mati, jalaran padha ditangekake. Nanging wong-wong liyane padha milaur dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangen kang luwih becik.
Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.
Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”