Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:35 - Kitab Sutji

35 Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:35
18 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Abisai bin Zeruya banjur mbiyantu Sang Prabu Dawud, nuli ngebrukake lan mateni wong Filisti iku. Ing wektu iku wadyabalane Prabu Dawud nyuwun kalawan banget marang panjenengane, unjuke: “Panjenengan dalem sampun ngantos nyarirani perang sesarengan kaliyan kawula, supados turunipun Israel sampun ngantos tumpes sareng kaliyan panjenengan dalem.”


Manawa wong Israel ndeleng kuliting pasuryane Nabi Musa mencorong, Nabi Musa banjur nutupi pasuryane maneh nganti panjenengane lumebet ngadhep perlu imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.


Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.


Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.


Satemene Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.


Nanging manawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong akeh, awit iku kabeh padha nganggep nabi marang Yokanan.”


Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabeh kang manggon ing kutha Yerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakehing dosane, ana ing bengawan Yarden.


sabab Sang Prabu Herodhes ering marang Nabi Yokanan, amarga mirsa, yen Nabi Yokanan iku mursid lan suci, mulane diayomi. Nanging manawa midhangetake pangandikane Nabi Yokanan, panggalihe banjur kaya diontang-antingake, ewadene remen miyarsakake.


Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”


Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.


Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalairake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan