Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:3 - Kitab Sutji

3 Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:3
12 Iomraidhean Croise  

Bareng Sang Prabu Yerobeam midhanget tembunge abdining Allah kang katujokake marang misbyah ing Betel iku, nuli ngathungake astane saka ing sadhuwure misbyah lan dhawuh: “Cekelen wong iku!” Nanging astane kang diathungake marang wong mau banjur dadi kejeng, satemah ora kena dibengkelukake maneh.


Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun, kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun, lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.


Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.


Bilai pangoningSun kang goblog, kang ninggal wedhus-wedhuse! Tangane lan mripate kang tengen katempuha ing pedhang! Apusa banget lengene lan mripate kang tengen dadia lamur banget!”


Banjur ana wong akeh kang padha gumrudug mrono nyowanake wong lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyane akeh, padha kasowanake ing ngarsane Gusti Yesus, kabeh banjur padha diwarasake.


Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.


Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kokdeleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.


Ing Yerusalem, ing sacedhake Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima.


Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbag kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane.


Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.


Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan