Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:28 - Kitab Sutji

28 Kowe aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune: Sakehe wong kang ana ing kubur padha krungu swarane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:28
19 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.


Sarta wong-wong kang wus padha turu ana ing lebuning bumi, akeh kang padha tangi, ana kang banjur kaganjar urip langgeng, ana kang ngrasakake kanisthan lan pagiris kang langgeng.


Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan.


Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh.


Pangandikane Gusti Yesus: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.


Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.


Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.


Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.


Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhe wonten patangenipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.


Bareng Rasul Petrus mirsa wong akeh iku, banjur ngandika: “Para sadherek Israel, punapaa dene panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun dene panjenengan sami mirsani dhateng kula, kados-kados kula ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking panguwaos utawi kamursidan kula piyambak?


Awit padha kaya ana ing Rama Adam wong kabeh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabeh iya bakal padha kauripake maneh.


kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.


Aku tumuli weruh wong mati, gedhe cilik, padha ana ing ngarep dhampar, banjur ana kitab-kitab kang padha kabukak. Lan ana kitab liyane maneh kang kabukak, yaiku kitabing kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawene adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan