Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:22 - Kitab Sutji

22 Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangadilan iku wus dipasrahake marang Sang Putra,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:22
23 Iomraidhean Croise  

ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.


ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, awit Panjenengane rawuh ngadili bumi, jagad bakal diadili ing sabenere, tuwin para bangsa kalawan kabeneran.


Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan!


Amarga Gusti Allah bakal masrahake sabarang panggawe marang pangadilan, kang ngadili samubarang kang samar, kang becik lan kang ala.


Samubarang kabeh wus kapasrahake marang Aku dening Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.


Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.


Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.


Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.


Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane.


Sarta maneh wus kaparingan panguwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengane iku Putraning Manungsa.


Pangandikane Gusti Yesus: “TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta.”


Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.


Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggenipun badhe ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipun yektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipun wungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”


Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.


Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.


Aku pitutur marang kowe satemen-temene ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus kang bakal ngadili wong kang urip lan mati, demi ngatingale, lan demi Karatone.


Nanging wong-wong iku kudu padha ngunjukake panjawab marang Panjenengane kang wis mirantos bakal ngadili wong urip lan wong mati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan