Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:21 - Kitab Sutji

21 Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:21
14 Iomraidhean Croise  

Panjenengane nuli ngrungkepi bocahe ping telu, lan munjuk kalawan swara sora marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula! Paduka mugi karsaa mangsulaken nyawanipun lare punika dhateng ing badanipun.”


Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.


Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.


Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.


Kadospundi, dene panjenengan sadaya nggalih mokal, bilih Gusti Allah nangekaken tiyang pejah?


Lan manawa Rohe kang wus mungokake Gusti Yesus saka ing antarane wong mati iku dedalem ana ing kowe, dadine kang wus mungokake Sang Kristus Yesus saka ing antarane wong mati iku iya bakal nguripake badanmu kang kena ing pati iku, lumantar Sang Roh kang dedalem ana ing kowe.


Kaya kang tinulis, wiraose: “Manungsa wiwitan, Adam, iku dadi titah kang urip. Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripake.”


Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan