Aku tumuli padha ngliwati gapura Efraim, gapura Lawas, gapura Iwak, menara Hananeel lan menara Mea nganti tekan ing gapura Wedhus Gembel. Tumuli padha mandheg ana ing gapura Pajagan.
Imam Agung Elyasib nuli tumandang ing gawe kanthi sadherek-sadhereke para imam, padha mbangun gapura Wedhus Gembel, disucekake sarta ditrapi inebe; anggone nucekake nganti tutug ing menara Mea lan menara Hananeel.
kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro mau kanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas; nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.
Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata.
Bareng Rasul Paulus wis dililani dening panggedhening prajurit mau, banjur jumeneng ing undhak-undhakan, tumuli kumlawe astane murih sirepe wong akeh mau. Bareng wis padha sirep, panjenengane banjur ngandika ing basa Ibrani mangkene: