YOKANAN 5:17 - Kitab Sutji17 Nanging Gusti Yesus ngandika: “RamaKu nindakake pakaryan nganti saprene, mulane Aku iya uga nglakoni pagaweanKu.” Faic an caibideil |
marga dumadine samubarang kabeh iku dening Panjenengane, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadene para pamarentah lan para panguwasa; samubarang kabeh katitahake dening Panjenengane lan lumadi marang Panjenengane;
Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging – lan iki pancen iya nyata mangkono – kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.