Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:15 - Kitab Sutji

15 Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:15
12 Iomraidhean Croise  

Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.


Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”


“Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”


Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!”


Wong-wong Yahudi banjur padha takon: “Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?”


Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.


Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.


Para wong Farisi tumuli iya ndangu marang wong mau, kapriye bisane melek. Ature kang kadangu: “Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kula lajeng adus, samangke kula saged ningali.”


Wangsulane wong mau: “Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangretosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali.”


Wong mau tumuli mangsuli: “Lah, punika rak aneh, dene panjenengan malah boten sami mirsa pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelekaken mripat kula.


Wangsulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan