Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:14 - Kitab Sutji

14 Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:14
23 Iomraidhean Croise  

Ing sajrone kaanan kapepet iku Sang Prabu Akhas malah saya banget anggone ora setya marang Pangeran Yehuwah.


Nanging manawi sampun angsal katentreman, tumunten sami nglampahi piawon malih wonten ing ngarsa Paduka. Lajeng Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsahipun, saha dipun jajah. Bilih sami sesambat malih dhumateng Paduka, Paduka inggih miyarsakaken malih saking langit, sami Paduka entasaken marambah-rambah, margi saking agenging sihpalimirma Paduka.


Sang Yehuwah banget anggone ngrangket marang aku, nanging aku ora diulungake marang pati.


amarga aku ngantepi anggonku ngambah ing margining Sang Yehuwah, lan aku ora tumindak duraka marang Allahku.


Saiki sirahku jejeg, ngungkuli musuh kang ngepung aku; ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak; aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.


Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes, ora kesupen marang pasambate.


Pangeran Yehuwah wus rawuh paring kaslametan marang aku! Aku arep padha ngunekake clempung, ing salawase urip ana ing padalemane Sang Yehuwah.


Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika: “Punapa tandhanipun, manawi kula badhe lumebet ing padalemanipun Pangeran Yehuwah?”


Manawa miturut papriksane imam belange iku luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune wus malih dadi putih, wonge katetepna najis dening imam. Iku memala saraat kang thukul ana ing tilas plenthung mau.


Manawa ing sajrone kaanan kang kaya mangkono iku sira isih meksa padha ora ngrungokake dhawuhingSun, lan lakunira isih tetep nyulayani karsaningSun,


Manawa kang kasaosake iku kanggo kurban pamuji sokur, kurbane iku kakanthenana roti bunder tanpa ragi, pangolahe diwori lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, karodene glepung gandum pilihan kaulet lenga.


Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”


Bareng Gusti Yesus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosamu wis kaapura!”


Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono.


Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawase.


Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”


Jalaran wus cukup suwene anggonmu nindakake kekarepane wong kang ora wanuh ing Allah. Kowe wis padha nuruti ubaling hawa-nepsu warna-warna, pepenginan, mendem, jibar-jibur, sarta nyembah brahala kang ora kaparengake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan