11 Nanging wangsulane wong mau: “Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!”
Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!”
Wong-wong Yahudi banjur padha takon: “Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?”
Wong-wong mau takon maneh: “Ana ing ngendi Dheweke?” Wangsulane kang ditakoni: “Kula boten sumerep.”
Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.