Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 5:10 - Kitab Sutji

10 Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 5:10
19 Iomraidhean Croise  

Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci; manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”, lan dinaning Pangeran Yehuwah kang suci “dina kang mulya”; manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,


Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira! Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem!


Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.”


Ing kono ana wong kang ceko tangane sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: “Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisa ngluputake Panjenengane.


Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengane: “Kula aturi mirsani. Punapaa tiyang-tiyang punika sami nindakaken punapa ingkang dados awisan tumrap ing dinten Sabat?”


Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.


Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”


Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.


Nanging banjur ana wong Farisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi: “Yagene kowe padha nindakake kang ora diparengake ing dina Sabat?”


Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”


Nanging wangsulane wong mau: “Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!”


Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus.


Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat.


Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat?


Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan