Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,
Sawuse mangkono panjenengane nuli tata-tata sarta banjur tindak menyang Sarfat. Bareng wus rawuh ing gapuraning kutha iku, ing kono ana randha kang lagi ripik-ripik. Iku nuli dipangandikani: “Aku bok kok jupukake banyu ing kendhi sathithik bae arep dakombe.”
Apadene sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa pituwase.”
Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika – supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci –: “Aku ngelak!”
Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”
Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas.